Sangang wulan biyung ngandhut
Rasa eman, tresna aku koemong
Nadyan sayah, aku kogendhong
Nadyan payah, kabeh dolanan koturuti
Nadyan srakat, kabeh boga kocukupi
Rina wengi ndika tansah memuji
Aku bisa dadi wanita utami
Njunjung biyung kanthi asma suci
Tansah mundhi dhawuh bekti
Biyung janma utama
Berbudi bawa laksana
Ning datan kinira kira
Sabda pingit kawetu kudu dak tampa
Biyung, kula nuyuwun duka
Sabda pingit dadi sulaya
Aku ora bisa nyangga dhawuh
Sugih apura lan pangestu mugi bisa tuwuh.
25 Dzulqodah 1435 H
Kreator : Sali
Comment Closed: BIYUNG
Sorry, comment are closed for this post.