Sinawang pancen sulistya ing warni
Duwe kaprigelan kadya ungguling jurit
Kapinteran ora mung njara langit
Kemulan raja brana adoh kacingkrangan
Sedaya sedya datan uwal, mesthi kasembadan
Kasandhangan solah bawa kang ngujiwat
Pantes dadi kembang lambe para jalu
Ananging sliramu dudu Drupadi
Wanita suci kang dadi botoh dhadhu
Ing Ngastina kanisthan dening Dursasana
Bali ing Ngamarta kudu leladi Pandhawa
Nanging sliramu kasandangan wanita tama
Ngayom lan ngayemi kang putra
Nadyan kadya babon kelangan suwiwi
Tetep mabur nggayuh lintang Panjerina
Kreator : Sali
Comment Closed: Dudu Drupadi
Sorry, comment are closed for this post.