Sedaya sabda mawa pasemon
Ning jumbuh kasunyatan
Sedaya dhawuh mawa panjangka
Ning tuwuh, gampil jumangkah
Panemu paduka pindha pepaes jagad
Cipta rasa, karsa paduka murakabi bebrayan
Asiling olah budi dadi paugeran wigati
Lampah sapecak laku satindak dadi tuladha adi
Sanadyan eyang sampun kondur
Gegembolan ngelmu luhur
Ning wus kababar byar
Mula para siswa manjila
Bebasan mikul dhuwur mendhem jero
Mundhi sedaya dhawuh
Mugi dados jimat paripih
Sedaya lelabuhan luhur kaganjar
Sedaya pamanggih cetha kajangkah
Mugi eyang manggih alam padhang
Sumare caket cinaket ing Pangeran
Kreator : Sali
Comment Closed: EYANG GURU
Sorry, comment are closed for this post.