Mlaku ning ra ono tumuju
Mung nggawe gulu
Sirahe gelak gelek mantuk setuju
Mrono mrene ora pareng nesu
Sakmadyo ngguyu
Masiyo katon kaku
Masiyo bingung ika iku
Ono sirahe mung ra biso gawe mikir
Ono mripate mung ra biso nyawang
Ono tangane mung ra biso milih, lan
Jangkep sikile mung ra biso njangkah
Manungso dadi robot
Mrono mrene ra biso mberot
Prot prot prot
Biyuh…biyuh
Duh biyung
Awakku kroso limbung
Pikiranku suwung
Ra kroso senajan diambung
Sedoyo kebendung.
Wonten
Kekiyatan agung
Ngluwihi wono kaliyan gunung
Nganti ra biso srawung
Kelingan bapa biyung
Ngenes uripku koyo wong mbambung.
Mpun,
Pungkasaning kahanan iki
Ojo nganti nganti
Ora saguh mbaleni
Dadio sak sekoci
Tumuju siji
Dadi kaki nini
Ngadep ati nang Illahi
12 Desember 2024 – 10 Juni 2025
Gedung BJ Habibie UIN Malang
Kreator : Arif Mardiono
Comment Closed: GUNG LEWANG LEWUNG
Sorry, comment are closed for this post.