Dening : Sri Suryanti Fitri Sholehah
Anak polah bapa kepradah
Ngendikane simbah
Mbok ya aja dha gawe susah
Iki jamane pancen wis bubrah
Akeh sing mlaku tan lumrah
Ana wong tuwa sing kaya bocah
Wee lha dalah
Mbok ya dha eling marang Gusti Allah
Kareben ora tambah salah
Sing salah ora tambah kaprah
Lhe ngger putuku lanang
Dadiya ponang
Ponang kang bisa digadhang
Bisa nuju urip kang luwih padhang
Urip cen mung wang sinawang
Mula aja gamang
Netepi janji
Njaga ati kang suci
Marang Gusti kudu bisa bekti
Boyolali, 19 September 2024
Kreator : Sri Suryanti Fitri Sholehah, S.S.
Comment Closed: Jaman Wis Owah (geguritan/puisi Jawa)
Sorry, comment are closed for this post.