TISU KUI MUT EN
Sore iku pak Rian lan keluargane mlaku-mlaku menyang kutho. Wes disengojo mangkat songko omah podo ora mangan amarga podo arep mangan ning kutho. Bu Rian kepengen ngrasakne koyo ngopo rasane panganane wong kutho.
Sakwise mubeng-mubeng sak jerone kutho sinambi ndelok kahanan sing rame iku pak Rian ngajak menyang warung Bandar Tuna.
“Ono panganan opo yo ning warung kono iku.” Pak Rian takok nyang Bu Rian sing wis nate tindak menyang kono. Bu Rian banjur nyauri pitakone kakunge.
“Yo ono reno-reno Pak. Sak wernane olahan iwak tuna onok. Ono bakso tuna, ono lalapan tuna, ono tuna goreng, ono tuna bakar, ono sate tuna, ono sayur asem tuna, ono kare tuna, ono kothokan tuna, lan liyane pokoke kabeh mburi ditambahi tuna.”
Anak e banjur mangsuli, “Yen tuna ne ning ngarep dadi tuna netra, tuna rungu, tuna daksa, tuna grahita, tuna laras, tuna aksara, tuna wicara, lan tuna..men sepakbola.”
Wong sak keluarga banjur ngguyu kemekel kabeh krungu wangsulane anake kang aran Acah iku. Saur manuk padune wong sak keluarga seng marai nguripke kahanan iku ndadekake podo marem e ati. Ora lali sak jeroning ngguyu podo ngucap syukur alhamdulillah muji marang Gusti kang murbeng dumadi.
Sak suwene podo nggedabrus ning njeroning kendaraan iku mau nganti ora kroso yen wis kebablasan warung tuna sing dadi omongan iku. Ananging iku kabeh ora dadi ngopo. Kanggone pak Rian seng wes taune blusukan ning kutho gedhe sik akeh warung-warung liyane sing podo apike.
Sawise mubeng-mubeng maneh pak Rian banjur ngendhekne kendaraan ning ngarepe warung gedhe. Pak Rian mudhun lan mlaku mlebu nyang njero ning warung iku sinambi ditutne keluargane. Warunge katon apik, katon asri, katon rame, lan pramusajine nganggo sandhangan kang apik lan podho kabeh. Kahanan katon mundak apik lan sakabehing podho ramah sumringah nampi tamu sopo wae sing mlebu ning warung iku. Warung iku jenenge restoran Ikan Bakar Cianjur.
Sak adohe mlaku songko panggonan kendaraan sampek tumeko ngarepe lawang, bu Rian lekas nggodha kanthi ngomong ning anak-anake.
“Cah-cah, sakmono suwene Bapakmu pirang-pirang taun mesti kerep mangan ning kene karo kanca-kancane, karo atasane, karo tamu-tamu wong ndhuwuran kono. Mangane kerep diajak ning warung kene. Nanging lagek saiki iki Bapakmu ngajak keluargane rene.” Bu Rian ngomong ngono koyo-koyo protes.
Karo entheng, kakunge banjur nyauri alon-alon katon santai, “Lha biasane lali dalane. Lek iki pas ora lali.” Sinambi ngguyu.
Wong sak keluarga banjur disambut apik lan di golekne panggon sing resik sing ono kursi sakcukupe keluarga. Sakwise podho lungguh banjur ono pelayan utowo pramusaji sing moro sak perlu nyuguhi banyu bening ning gelas lan tisu dibungkus cilik rapi koyo kemasan gula tropicana slim. Sawise ndeleh banyu karo tisu iku mau pramusaji banjur ngalih. Ora suwi ngono, banjur teko maneh pramusaji liyane seng nganter buku tulisan pilihan menu, pulpen lan kertase sing digawe nulis menu seng arep dipesen. Ora nganggo suwi banjur sat set wat wet diwoco lan ditulis werno-werno panganan iwak lan ngombene. Banjur tulisan iku mau digowo mlebu nyang panggon nyiapke panganan.
Sinambi ngenteni panganan sing wis dipesen, iku mau diaturake nyang pramusajine, Bu Rian ngombe banyu bening sing wis dicepakake ing ngarepe. Mergo suwi ngenteni, bu Rian dadi gabut. Bar ngombe banjur nyekel tisu sing dibungkus cilik tipis rupane kuning sing dicepakake iku mau.
Banjur Bu Rian ngomong, “lhadalah iki ngono tisu to, tak kiro gulo, lha bungkusane koyo gulo tropicana slim, lho.”
Sinambe noleh marang estrine pak Rian banjur nyauri: “Iyo tisu kui mut ten.” Spontan wong sak keluarga podho ngguyu kemekel krungu saurane bapake. Kkwkwkwkwkwkwkw
###################################
Kreator : Endah Suryani, S. Pd AUD
Comment Closed: Kumpulan Cerita Unik Part 14
Sorry, comment are closed for this post.