Latihan
Kacarita kalani pun nguni, griya nipun tyang Jawi sadaya, sami sela kang dèn angge, ing pasang rakitipun, wawangunan amirit candhi. Sarêng jumênêngira, Jayabaya Prabu, kang ngadhaton ing Mamênang, akagungan punggawa kalangkung awig, nama Dipati Santan.
Pinarcayèng ambudi sakalir, kawruh ingkang paedah mupangat, marang jalma sadayane. Kala salêbêtipun, tahun Surya angkaning warsi, asthatus sèkêt warsa, ing taun Sitèngsu, sami asthatus kalawan, asthadasa titiga Ki Adipati, andarbèni pamanggya,
griya sela ing nginggilirèki, aprayogi bilih sinantunan, kajêng jati sasamine. De kang taksih lêstantun, saking sela mung pagêrnèki. Pramilane mangkana, amrih ènthèngipun, nir mutawatosing driya, saha langkung gampil panggarapirèki, tinimbang lawan sela.
Lamun sela lêstantun nèng nginggil, (n)jing-anjingan tinurut we jawah, lami-lami rênggang rèmpèl, (n)jalari risakipun. Yèn wus risak gingsir ngoncati, rêntahnya ambêbêkta, ing sacêlakipun, ambrol damêl kasangsaran. Pamanggihe Ki Dipati kang kadyèki, kunjuk (n)jêng sri narendra,
sakalangkung kaparênging galih. Adipati nulya dhinawuhan, iyasa badhe santunne, dalêm kadhatonnipun, wit kapasang yogya marêngi, kadhaton samya rêngka, (n)jing-anjinganipun. Namung sanggyaning wangunan, lumastari kadya duk ing nguni-uni, mandragini paningrat.
Katrangan
( ê ) iki tandha e kang awujud pepet
(e ) lan ( è) iki tandha e kang nggunakake taling
Kreator : Sri suryani
Comment Closed: Latihan nulis aksara jawa
Sorry, comment are closed for this post.