Tibaning udan ra bisa nelesi bantala
Hawa isih krasa sumuk, gerah
Gorokan isih krasa ngorong, garing
Ati iki isih wae nagih kepengin nyandhing
Rasa iki isih wae mubal mulat-mulat
Angel den pepes, mbedhal yen kacancang
Dak palang, mlumpat njebol benteng kandel kuat
Nututi kekarepan keparat
Rasa kang ora ngerti pranatan
Nerak paugeran jati
Ninggal weninging ati
Kesusu pengin ngemut mawa sajroning agni
Mula
Enggal den eling, balia dalan bebener
Sikepmu ora pener, adoh saka syarekat aji
Elinga
Dhewekke ora nggubris, ora merga gething
Dhewekke mlengos amarga nuduhke tresna sejati
Kreator : Sali
Comment Closed: Pepes Tresna Pupus Rasa
Sorry, comment are closed for this post.